ringkasan ketoprak cilik waktu di sekolahan.,..,. judulnya jaka kendhil.
Nalika
iku para putri kerajaan padha dolanan ing pinggir alas.Wayah arep mulih
salah siji putrine yaiku putri Widowati kelangan kalunge, nanging malah
di tinggal marang sedulure. Dheweke kandha,”Sapa wae sing bisa nemokake
kalunge yen wanita bakal di dadekake sedulur,yen priyo bakal di
suwitani”. Joko kendil teka lan nggawa kalunge putri Widowati.Padha
marang janjine,Widowati bakal nyuwitani Joko kendil. Joko kendil banjur
ngomong marang biyunge,menawa deweke njaluk rabi karo salah sawijine
putri ing kerajaan.banjur Joko kendil,Biyung,lanpaklike menyang kerajaan
saperlu nglamar salah sawijine putri ing kono.sak wise teka kono
biyunge joko kendil matur menyang Raja apa panjaluke putrane.Banjur sang
raja nakoni putrine apa Joko kendil iku bagus?para putri njawab menawa
Joko kendil kuwi ala.Nanging putri Widowati meneng wae,malah dheweke
gelem disuwitani marang Joko kendil.aja takon menyang Widowati opo ora
salah dheweke gelem di suwitani marang Joko kendil.Widowati njawab
amargo dheweke wis janji nalika kalunge ilang yen sing nemokake wanita
bakal di dadekake sedulur,yen sing nemokake priyo bakal di
suwitani.Banjur Puti Widowati di rabekake karo Joko kendil.Nalika di jak
ndeleng tontonan Joko kendil ogah di jak ndeleng tontonan lan ngutus
Widowati menyang panggon tontonan dhisik.Joko kendil tapa lan malih rupa
dadi satriyo kang bagus lan sekti mandraguna ing keajaan iku di anakaje
sayembara kanggo nggolek senapati sing anyar.Ing sayembara iku sing
menangake si Cahyo Purnama alias Joko kendil.sak wise dadi senapati
dheweke digawe rebutan menyang sedulure Widowati sing ora weruh yen
Cahya Purnama iku Joko kendil.Joko kendil mulih menyang istana saperlu
nemoni Widowati lan kandha menawa dheweke kuwi bojone,Joko kendil.Cahya
Purnama malih dadi Joko kendil kanggo nyakinake Widowati yen dheweke
kuwi sejatine Joko kendil.Sak wise Putri Widowati mantep atine yen Cahya
Purnama iku Joko kendil,dheweke,Cahya Purnama lan keluargane urip
seneng lan tentrem
Tidak ada komentar:
Posting Komentar